Thursday, December 31

Sugeng Tindak Gus

Gus, dinten meniko panjenengan tindak
Tindak dhateng papan ingkang sedaya tiyang boten saged manggihi
Sawijining papan ingkang sae, boten wonten rubeda lan kalabendu
Papan kratoning pangeran akarya jagad jumeneng nata.

Gus, sakmenika panjenengan sampun tilar,
Langkung cerak marang Hyang suci dumeling
Panguwaos donya enggal ingkang sarwa sae

Gus, nagari punika taksih betah patuladhan sae saking panjenengan.
Nanging mbokmenawi, Gusti kagungan penggalih benten
Panjenengan pun timbali sakmenika.

Gus, titip donga
Mugi pun amping-ampingi lelampahan nagari punika
Mugi budhi tuladha ingkang tansah panjenengan paringaken
Tansah gesang ing sanubari sedaya tiyang ingkang panjenengan tilar.

Sugeng Tindak Gus Dur
Keparenga ngaso kanthi tentrem