Wednesday, November 5

Laron

Sumunaring lampu kang cumanthel ing tritisan
Ing wayah dalu sepi yayah sinipi
Pandoming tumuju piyayi kang lelampahan
Kasdu mangentosi ing purwaning ratri

Aku iki bebasan laron kan ndrindil ing mangsa rendeng
Kinayungan petenging bawana dasih
Segaraning ngaurip kang cumantheng
Nyadong berkah lan wilujeng

Sanadyan ora suwe
Mugia dadi sumaraking manah
Tumrap kowe
Lan sedaya titah



(P. Budiningtyas)

No comments: