Wednesday, November 26

sekeng

Aku iki mung sadrema bakul bahu
Wong sekeng kang kepulut ing mobat-mabiting ngaurip
Ing segara nasib,
Uripku kaseret nuli kelelep

Ing astaning pranata kang minulya
Daktitipake uripira
Padatan kang rinacik
Ngupadi suryaning becik

Sangsaya dina binerkahana rahayu
Lir ing nirbaya gesang kang tinatu

(P. Budiningtyas)

No comments: