Wednesday, September 24

nggrantes

Panggrantesing galih kang sinikep sepi
Cuwaning ati kang katindes kahanan
Gigrig manahira, kasandingan nestapa
Sumunaring Surya kang wus pendar, jengkar ing bang wetan
Satuhu sepi kang sedelo meneh rinasa

Katresnan kang ngrembaka ing lokaning bawana
Kedah kinedah pedhot ing astaning angkara
Cumanthakaning titah kang adigang adigung
Ndelik ing saerenging kekadangan palsu

Pituduh kang njaremake manah
Jer pepinginan ora jumbuh ing kahanan
Bebasan kodok nggayuh lintang
Sliramu kaya panjer rina kang minulya

No comments: