Wednesday, September 3

Pranacitra

Le anakku Pranacitra,
Tumekeng pati awakmu,
Anglabuhi katresnan kang dadi panggayuhmu,
Nate matur aku marang kowe le,
Jer katresnan kuwi mligi kanggo piyayi linuhur
Jer Pekathik kaya sira kuwi ora nduweni pangaji

Le anakku Pranacitra
Bobot, bebet, bibit apa panduwemu?
Kowe kuwi sadrema abdi, wong karang padesan
Cedak watu adoh ratu
Mring asale sangkane nguni

Pranacitra anakku,
Satemah duhkita unjaling sepi,
Satuhu tinresnan mring prajanji
Tumekaning pati sira nglabuhi

(P. Budiningtyas)

No comments: