Thursday, August 14

Celathune Prau

Aku iki sadrema prau cilik, prau kang kagawe saka sempaling kayu, kayu seka alas ing sa'ereng-erenging gumuk. Dhisik aku pengin dadi kapal gedhe kang misuwur, ngupengi jagad tan winates. Ratu lan pangeran bakal numpaki aku, nyebrang segara wiyar, duta minulya kanggo nagari kang kawentar.

Nanging jebul manungsa tukang prau sing dhisik negor aku, ora duwe kawicaksanan kang linuwih, jebul wong iku mung tukang prau sing mung isa gawe prau kanggo mancing lan jejala mina pra nelayan, nasibku adoh saka pangimpenku. Saiki aku dadi prau biasa, ora momot ratu ora nyabrangke pangeran ora ka'ambah duta minulya.

Wus pirang suwe, aku supen karo impenku, aku wus lila legawa, dadi kanca nggota, anjaring mina cilik ing segara urip. Wus ora kepitung pira akehe anggonku golek mina, lan dadi panguripaning wong kang ngupadi becik.

Ing sawijining dina, ana mitra cacah rongpuluh, ngersakake nyabrang ana ing bang kidul. Sajroning mrau, salahsijining piyayi atur wucalan kabecikan babagan Pangéran kang sipat murah, Cinecep nulya wangsul, Mrih rahayu lumampah margi utami. Banjur piyayi mau sare.

Nuli piyayi mau sare, dumadakan langite mendhung, segara horeg muter, nguncalake banyu segara, aku kang mung prau cilik kabebeg ing banyu kang sansaya prahara. Piyayi mau di gugah marang sawijining abdi, deweke tumuli ngadeg lan atur sabda, alaming segara sing mau prahara, banjur lerem saknalika. Aku nuli bungah, kasembadan panggayuhku, anggraita menawa sing dak terke nyebrang mau putraning Allah kang jumeneng nata sedaya titah, Raja agung binathara kang manjalma dadi manungsa lumrah. Duh gusti kersaa dados sedaya ingkang Panjenengan kersa.

(P. Budiningtyas)

No comments: