Wednesday, August 13

Kudangane Bapak

Le, cah bagus, cup menenga
Aja pijer nangis wae
Galo delengen mbulane nanggal sepisan
Putih njlarit kaya alising widadari

Dadia taruna kang sumeleh, paribasan wohing jagung sing ditutup rapet, ora kaya jambu mete, duwi woh siji wae dipamer-pamerke.

Dadia salira kang satuhu setya, kayadene woh gedhang kang awuh sepisan banjur tumekeng pati.

Suk ing tembe yen nujuprana sliramu dadi pangembating praja, dadia salira kang adil tan mban cinde mban ciladan, paribasan cengkek pete sing ambagi kabeh uwohe pada. ora kaya cengkek rambutan sing uwohe ana sing gedhe ana sing cilik

Dadia bocah kang mligi nyadhong kautamaning urip, kaya dene woh bengkoang ing satengahin galengan, reget ing njaba, ananging resik ing penggalih

Suk bakale kowe ya tuwa le, ananging aja tiru bapakmu melu rekasa

(P. Budiningtyas)

No comments: