Wednesday, August 13

kanggo sedulurku

Aja ditangisi maesanku
Aja pijer nangis nganti kekejer
Jer aku wus ora neng kene
Aku ora turu


Aku iki tetesing udan ing mangsa ketiga
Banyu mili kang kasdu gawe suburing pari
Aku iki sumunaring srengenge nalika umun
Sing mesti njedhul ing bang wetan tan ora tau telat


Nalika kowe tangi ing wayah esuk,
Coba delengen ing awang-awang
Aku mabur satengahing manuk-manuk manyar
Muluk nganti watesing langit duwur
Bungah-bungahna atimu,
Kaya rawa kang akeh mina
Kaya prau kang bali seka segara dasih


Mula aja mbok tangisi lelunganku
Aja kekejer olehmu nandang duhkita
Usapen banyu luhmu.
Aku isih urip, aku ora turu

Suk ing tembe, aku lan kowe bakale ketemu
Ana ing alam kelanggengan
Panggonan wiyar kanggo peplayon among rasa
Swarga bingah kang dadi panglipur ati


(P. Budiningtyas)

No comments: