Tuesday, August 19

Puspanagari

Wus ndungkap suwidak ketiga,
Nggrantesing galih ing pangantu-antu
Semono suwe sira pamit linunga

Marang lintang panjer rina,
Dak takoke rawuhira
Tan ora paring warta

Duhkita yayah sinipi
Ing Sajroning pringgitan sepi
Duh puspaning nagari

Sira pamit jejibahan ngayahi
Tinundung dening maburing peksi
Ngupadi kamardikaning nagari


O satrianing nagari,
Pamratitising jiwa kang pengin merdika
Tohing pati ludira suci kanggo mulyaning nagari

(P. Budiningtyas)

No comments: